Rabu, 15 Juni 2011

NYEMAK (jawa 12)

A. Nyemak Pawarta
Ngrungokake (mirengake) iku saemper karo nyemak, nanging ana wewates kang ndadekake kalorone ana bedane. Ana ing basa Inggris tembunge kang saemper karo ngrungokake yaiku to hear, dene tembung kang saemper karo nyemak yaiku to listen, utawa ing wujud kriyane yaiku hearing lan listening. Dadi bisa ditegesi nyemak yaiku proses kegiyatan ngrungokake lambang – lambang lesan kanthi perhatian, pemahaman, apresiasi, lan interpretasi kanggo nggolek informasi, nangkep isi utawa pesen, sarta mahami makna komunikasi kang wis diandharake dening pamicara lumantar ujaran utawa basa lesan. Salah sijine tuladha kegiyatan nyemak yaiku nyemak pawarta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar